KalBar1

KALIMANTAN BARAT

Kalimantan Barat kuwe salah siji propinsi nang Indonesia sing manggone nang Pulau Kalimantan lan beribukotakan Pontianak.
Wewengkone propinsi Kalimantan Barat 146.807 km² (7,53% sekang luas Indonesia). Kalimantan Barat kiye propinsi paling gedhe kaping papat seuwise PapuaKalimantan Timur lan Kalimantan Tengah.
Kalimantan Barat kuwe dijuluki propinsi "Sewu kali", jalaran kondisi geografise sing nduweni atusan kali gedhe lan cilik sing sering dilayari. Pirang-pirang kali gedhe nang kana gutul sekiye esih dadi urat nadi lan jalur utama kanggo angkutan daerah pedalaman, senajan prasarana jalan darat uwis teyeng njangkau meh kabeh kecamatan.
Senajan wilayah Kalimantan Barat mung sebagiyan cilik sing arupa perairan segara, ningen Kalimantan Barat nduwe puluhan pulau gedhe lan cilik (sebagian ora berpenghuni) sing kesebar sedawane Selat Karimata lan segara Natuna sing berbatasan karo wilayah propinsi Kepulauan Riau.
Pedununge propinsi Kalimantan Barat miturut sensus taun 2004 ana 4.073.304 jiwa (1,85% pedunung Indonesia).

Comments

Popular posts from this blog